Ketok Bodho Yo Ben
Aku kelingan terus ngendikane Ibuku mbiyen babagan sinau. Pas aku raiso nglakoni sesuatu, Ibuku mundhut priksa, "Nek raiso ki njuk piye?", bar kuwi Ibu maringi priksa, "Yo sinau. Diunekke bodho yo ben". Tak pikir-pikir yo bener pancenan; wong ki nek raiso yo kudu sinau, kudu wani isin babagan iki. Nek jarene wong bule yo "Swallow your pride!" Nah, akhir-akhir iki jan aku babak bundhas sinau beberapa hal sing kudune aku wes iso ket biyen.